Mangekyo Sharingan

Template by:
Free Blog Templates

Jumat, 04 November 2011

SYI’IR TANPO WATON


Oleh : K.H Abdurrahman Wahid

Astaghfirulloh robbal barroya astaghfirulloh minal khotoya
Robbi zidni ‘ilman nafi’a wawafi’ni ‘amalan sholikhan

Ya Rosulalloh salamun ‘alaik ya rofi ‘asya niwaddaroji
‘athfata yaji rottal ‘alami Ya uhailalju diwal karomi..

Ngawiti ingsun nglaras syi’iran – kelawan muji maring pangeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan – rino wengine tanpo petungan

Duh bolo konco priyo wanito – ojo mung ngaji syarengat bloko
Kur pinter dongeng nulis lan moco – tembe mburine bakal sangsoro

Akeh kang apal qur’an haditse – seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewek dak digatekke – yen esih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro – ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo – mulo atine peteng lan nisto

Ayuh sedulur jo ngaleake – wajibe ngaji sak pranatane
Njur ngandelake iman tauhide – baguse sangu mulyo matine

Kang aran sholeh bagus atine – kerono mapan seringelmune
Laku thorikot lan ma’rifate – uga khakekat manjing rasane

Al Qur’an Qodim wahyu minulyo – tanpo dinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito – den tancepake ing njero dodo

Kumantil ati lan pikiran – mrasuk ing badan kabeh jeroan
Mukjizat rosul dadi pedoman – minongko dalan manjinge iman

Sowan nang Alloh kang Moho Suci – Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadohi – Dzikir lan suluk jo nganti lali

Uripe ayem rumongso aman – dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan – kabeh dinakdir saking pangeran

Kelawan konco dulur lan tonggo – kang podo rukun ojo nafsiyo
Iku sunahe rosul kang mulyo – Nabi Muhammad panutan kito

Ayo nglakoni sakabehane – Alloh kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire – ananging mulyo maqom drajate

Namung palastro ing pungkasane – ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Alloh suwargo manggone – Utuh mayite ugo ulese

Ya Rosulalloh salamun ‘alaik ya rofi ‘asya niwaddaroji
‘athfata yaji rottal ‘alami Ya uhailalju diwal karomi..
Al Fatihah…………

0 komentar:

Posting Komentar